Selasa, 31 Maret 2015

Aku Kudu Kuwat!


“Wengi kuwi aku nangis sakbanter-bantere”
“Aku ora kuwat mendhem kangen marang wong tuaku”
“Aku pingin mulih!”
****
Jam 5 esuk aku wis tangi. Dina kuwi aku kudu mangkat menyang Ngayogyakarta. Sanajan OSPEK isih suwe, aku kudu nyiapne apa kang dadi tugasku kanggo OSPEK. Ra krasa, aku sing biasane mangkat sekolah mlaku saiki kudu lunga adoh golek ngilmu. Ibu lan Bapak ndhawuhi aku supaya pinter, sregep kuliah, lan ora neka-neka.
“Ndhuk, kowe kuwi wis gedhe. Dadia bocah sing pinter lan sregep ya”, ngendikane Ibu.
“Iya Sri, kuliaha sing tenanan. Ora usah neka-neka.” Bapak nambahi.
“Nggih, Bu, Pak, Kula nyuwun donga pangestunipun supados saged kuliah kanthi lancar”
Sak durunge mangkat aku ngrangkul wong tuaku. Aku ora nduwe adhi, Mas karo Mbak ku uga wis nduwe kluarga dhewe-dhewe. Rasane abot ninggalke wong tuaku. Nanging aku kudu ajar mandhiri ora mung melu wong tua terus. Bar pamit, aku langsung nyegat bis sing lewat cedhak omah.
****
Dina terakhir OSPEK aku mlaku saka kos jam 5.30 esuk. Kanggoku mangkat wayah semono kuwi ora gampang, aku sing biasane pas SMA mangkat jam 6.45 kudu mangkat luwih esuk. Wis 4 dina aku mangkat jam 5 esuk. Aku mangkat bareng kancaku kos sing sak Fakultas. Nanging dina iki, aku karo kanca-kancaku Tumini karo Yuningsih mangkat dhewe amarga beda jurusan. 4 dina kuwi tak liwati kanthi seneng lan kesel. Tugas sing akeh rasane marai lemes. Amarga kesusu aku lali nggawa salah siji tugas saka panitia OSPEK. Aku lali ora nggawa buku wacan bocah kang wis tak siapake sakdurunge mangkat.
Gugusku wis ngumpul ana ngarep ruang sing bakal dinggo OSPEK Jurusan. Tak sawang saka gugus liyane, uga akeh sing padha klalen ra nggawa tugas. Nalika ditakoni sapa sing ra nggawa tugas, aku ngaku. Ana SPK sing namatke aku sinis. Rasane dheg-dhegan, kaya-kaya aku arep di-eksekusi. Bar kuwi gugusku wis diolehne mlebu, atiku lega amarga ra ana hukuman esuk iki.
OSPEK Jurusan, rasane luwih nyenengke. Aku isa srawung karo kanca-kanca jurusanku kang bakal dadi sak kelas. Kanca-kancaku dijak omongan uga penak amarga basane padha. OSPEKe uga luwih santai amarga ana njero ruangan. Nanging sakdurunge bubar, ana acara khusus saka SPK. Koor SPK mas Doni maju lan maca jeneng-jeneng sing ora nggawa tugas.
“Sing ora nggawa tugas OSPEK saiki maju”, nanging ora ana sing wani maju.
“Melita, Rizki, Paijo, Sutrisna, Debi, karo Sisri saiki gek ndang maju!”
Jenengku disebutne keri dhewe, aku ora wani maju. Nanging kanca-kancaku liyane sing disebutne wis padha maju. Hukuman saka SPK  dibagi dadi 2 abot karo entheng. Paijo karo Sutrisna sing hukumane abot, digawa metu karo SPK liyane menyang ruang liyane. Aku karo kanca-kanca liyane sing hukumane entheng dikon nyanyi Yel-yel OSPEK. Aku ora pati apal, amarga saben latian aku ora tau mangkat. Latian kanggo yel-yel biasane bengi bar OSPEK. Amarga ketara banget aku sing paling ora apal, hukumanku ditambah. Aku digawa metu karo SPK. Ing ruangan liyane Paijo karo Sutrisna diseneni karo SPKne. Sutrisna sing ketok gagah, mbrebes mripate abang arep nangis. Ing kono kuwi, aku diseneni karo SPK. Aku ora kuwat, aku nangis.
****
Bar OSPEK aku mulih menyang kos kanthi lemes. Aku wis ora nduwe semangat kanggo nglakoni kuliah. Tugas OSPEK kang sarwa kesusu, marakne aku ora betah. Wengi kuwi aku nangis sakbanter-bantere. Aku ora kuwat mendhem kangen marang wong tuaku. Aku pingin mulih! Urung nganti 2 minggu, aku wis pingin mulih terus. Banjur ana tilpun saka wong tuaku.
“Halo, Assalamu’alaikum, Ndhuk piye OSPEK mu?”
“Wa’alaikumsalam, Bu, Kula mboten kiyat!”, nangisku saya banter.
“Lho, ana apa ta, Nduk?”
“Tugas OSPEK kathah sanget, Bu. Kula kesel, Kula dihukum, Kula didukani. Kula pingin wangsul! Kula mboten kiyat piyambakan wonten ngriki”.
“Ndhuk, tugas OSPEK kuwi ora sepira. Suk yen kowe wis kerja, bakal luwih akeh tugas lan alangan sing kudu mbok liwati. Saiki kowe wis  gedhe, wis wayahe kowe kuwi ajar urip mandhiri, ora mung nunut wong tua terus. Donya iki pancen ora gampang, Ndhuk. Sukmben ana wayahe kowe urip dhewe tanpa Ibu lan Bapakmu iki. Nanging kowe kudu kuwat! Wis ta, yen arep crita kowe isa nilpun Ibu utawa Bapak. Ibu lan Bapakmu nang kene iki mung bisa ndongani kowe supaya bisa dadi bocah sing pinter, kuwat lan mandhiri”, ngendikane Ibu.
“Nggih Bu, matur nuwun sanget awit wejanganipun. Kula nyuwun ngapura menawi rikala OSPEK  kula mboten saged paring kabar. Matur nuwun sanget, Bu”.
“Ya uwis, Ndhuk. Semono dhisik wae. Mengko yen ana apa-apa sms utawa tilpun wae ya?”
“Nggih, Bu. Matur nuwun sanget”, banjur Ibu nutup tilpune.
Alhamdulillah, tilpun saka Ibu mau wis rada ngayemne ati. Saiki aku eling meneh apa tujuanku mangkat rene. Aku kuliah adoh iki ora mung merga aku pingin pinter, nanging aku uga kudu mandhiri lan isa ngadhepi kahanan uripku sukmben. Merga OSPEK iki aku dadi ngerti, piye rasane rekasa dadi mahasiswa kang nyata. Saktenane, iki durung apa-apa, isih ana wolung semester sing kudu dakadhepi. Aku isih kelingan, yen lakuku dadi mahasiswa ora mung dhewe. Isih ana kanca-kancaku sing bakal nglakoni urip sing susah iki bebarengan. Bar OSPEK iki, aku kudu sinau ngadhep buku lan kuliah maneh. Aku kudu isa urip adoh saka wong tua. Aku kudu kuwat!

(Rizal Yanwar PBD A 2013)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar