Selasa, 13 Oktober 2020

Dolan Menyang Jogja

Dina Minggu, 11 Agustus 2019 aku sakanca Karang Taruna dolan saka Sukoharjo menyang Jogja. Wong cacah 35 pinik mrana numpak bis tanggung sing disewa kanthi urunan bareng-bareng. Wiwit jam 5 esuk, bis wis mapan ana ing ngarep gudhang warga, ngenteni penumpange. Supaya ora kawanen, aku nilpun kancaku sing urung padha mangkat. Pas jam setengah 7 esuk, kanca kabeh uwis mlumpuk lan bis langsung mangkat menyang papan wisata sing kapisan yaiku Pantai Wediombo.

Dalan menyang Pantai Wediombo ora alus kaya sing dibayangke. Ananging dalane munggah mudhun amarga liwat kutha Wonogiri. Kanca-kancaku sing ora kulina numpak bis, wis mesthi mabuk. Nanging wis ana kancaku sing nyepaki obat lan plastik kresek. Kurang luwih 4 jam, bis wis tekan ing parkiran cedhak pantai Wediombo. Jebul saka parkiran, aku lan kanca-kancaku isih kudu mlaku mudhun menyang pantaine.

Ing pantai, aku sakanca kabeh njereng klasa kanggo ndeleh tas lan ubarampe liyane. Neng kono, kabeh padha mencar manut kekarepane dhewe-dhewe. Ana sing salin banjur nyegur pantai, ana sing foto-foto ing ndhuwur karang, uga ana sing mung teturon neng klasa amarga awake kesel. Sakwise padha dolanan neng pantai, banjur sega kothakan sing wis digawa saka ngomah dibagekne. Sanadyan isine mung sega, sambel, lalapan, karo iwak pitik, aku lan kanca-kanca mangane padha telap-telep amarga luwe durung sarapan. Sakwise mangan-mangan, sampah-sampah padha dilumpukne lan diguwak. Ora lali, sakdurunge bali menyang bis, aku lan kanca-kanca foto bebarengan ing pantai.

Sakwise mlumpuk ing bis, aku lan kanca-kanca nutugne dolan menyang Malioboro. Sakdurunge menyang Malioboro, mampir dhisik ing toko oleh-oleh kanggo kulawargane neng omah. Ing Malioboro, kanca-kanca padha mencar dhewe-dhewe meneh. Ana sing golek klambi, ana sing foto-foto, ana sing golek gantungan kunci, uga ana sing golek panganan amarga wetenge wis luwe maneh. Swasana ing Malioboro dina kuwi rame banget, amarga wektu kuwi lagi prei. Sakjane kabeh kanca-kanca kudu wis kumpul jam 8 bengi, supaya ora kewengen. Nanging amarga Malioboro rame lan kanca-kanca isih ana sing ngantri blanja, bis lagi mlaku menyang omah jam 9 bengi. Kurang luwih jam 12 bengi, bis wis tekan omah lan kabeh padha mulih dhewe-dhewe.