Kamis, 19 Februari 2015

Profil



Rizal Yanwar lair ing Garut, 2 Januari 1996. Sanadyan lair ing Sundha, nanging ora nduwe trah Sundha. Anak mbarep tunggale 3. Mapan ing Garut nganti taun 2003, banjur kelas 3 SD pindhah menyang kutha Sukoharjo. Ing Sukoharjo dheweke mlebu SD Negri Kepuh 1, ing cedhak omah. Nalikane pindhah saka Sundha menyang Jawa, mbutuhake adaptasi amarga basa sing dinggo saben dinane beda. Ora suwe angel anggone nyinau basa Jawa amarga wong tuwane asli saka Jawa kabeh. Lulus SD taun 2007 lan sekolah menyang SMP Negri 4 Sukoharjo.
Ing SMP Negri 4 Sukoharjo dheweke isa nyinau karawitan, amarga karawitan wis klebu mata pelajaran kesenian ing kelas 7. Nalika kakak kelase perpisahan dheweke melu tim karawitane. Ing kelas 8 dheweke melu dadi paraga ing kethoprak Andhe-andhe Lumut. Ora mung kuwi, nanging dheweke uga melu ngethoprak ing lakon Ratu Kalinyamat lan Suminten Edan. Ratu Kalinyamat dipentasake nalika kelas 8 ing perpisahan kakak kelase. Banjur Suminten Edan dipentasake nalika dheweke kelas 9 ing perpisahane dhewe. Sanadyan nyinau UN sinambi nyinau naskah kethoprak, nanging dheweke isa lulus kanthi biji sing lumayan dhuwur. Banjur nerusake sekolah ing SMA Negri 1 Sukoharjo.
Ing SMA Negri 1 Sukoharjo isih nyinau karawitan, amarga kuwi dadi mata pelajaran kesenian ing kelas 10. Sanadyan wis ana karawitan ing pelajaran, nanging dheweke isih melu ekstrakurikuler Karawitan supaya bisa dolanan gamelan luwih akeh. Kegiyatan ing ekstrakurikuler Karawitan ana werna-werna yaiku ngisi ing RRI Surakarta, Sanggar Kothakan, Jogja TV, Lomba Karawitan Umum lan liya-liyane.
Sakliyane kuwi, dheweke uga nduwe hobi yaiku dolanan playstation lan game online. Nalika SMA dheweke mlebu jurusan Bahasa, banjur nerusake kuliah ing Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah UNY. 

Nama : Rizal Yanwar
NIM : 13205241036
Kelas : A PBD 2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar